Telepon & HP

PIN BB 2121FD81

HP +62 85853352487

Kamis, 11 September 2008

WEWARAH RADEN NGABEHI SOEKINOHARTONO

BAB BELAJAR SUJUD SUMARAH UNTUK YANG BARU BELAJAR
  • Sebelum melakukan Sujud Sumarah terlebih dahulu harus menenangkan pancaindera serta menenteramkan hati. Tenangnya Pancaindera berwujud ada perwujudan tidak dilihat, ada suara tidak diperhatikan, mendengar sesuatu tidaklah didengarkan, ada bau apa saja tidak memciumnya, ada rasa yang terasa sekujur tubuh tidaklah dirasakan, adanya hanya kosong sama sekali. Tenteramnya hati akan mewujudkan diam, hening, menyadari serta ingat selalu akan Sang Khalik yang kita sembah, Allah SWT, Tuhan yang Mahaesa. Jadi apabila sudah tenang tenteram, jalannya Sujud Sumarah dapat mewujudkan diam, hening, selalu sadar dan ingat akan Allah.
  • Sujud Sumarah berjalan dari bersatunya angan-angan, Budi, dan rasa. Angan-angan sebagai wakil tubuh atau raga, Budi adalah wakil dari Kuasa Yang Mahahidup atau Terang , adapun rasa wakil roh atau jiwa. Bersatunya angan-angan, Budi, rasa, lalu bersama-sama sujud sumarah di tempat persujudan di Sanubari, yang arahnya ada di dalam dada. Apabila di dalam Sanubari di dalam dada tersebut telah ada rasa lega, sejuk tenang, nikmat membangkitkan semua kebaikan, menandakan bahwa Sujud Sumarahnya sudah benar, karena raswa yang demikian itu adalah perbawa atau pengaruh dari rasa Dat Allah. Apabila rasa sujud belum ada tanda-tanda dari salah satu rasa yang telah disebutkan di atas, menandakan bahwa Sujud Sumarahnya belum benar.
  • Apabila Sujud Sumarahnya sudah selalu tetap baik dan benar, di dalam Sujud Sumarah yang telah selalu baik dan tenang itu di dalam hati diperkenankan bertanya kepada Allah SWT, apa saja kebutuhannya. Berdasarkan pengalaman, nanti akan mendapatkan jawaban di dalam Sanubari berwujud kata-kata yang singkat padat seperlunya saja. Apabila sudah biasa akan menerima Pelajaran, Pendidikan, Pencerahan, Penjelasan, Sabda-Sabda, dan sebagainya dari Allah SWT dengan perantaraan Khaqiqi atau Rasa Suci. Lama-lama suwara yang ada di dalam Sanubari tersebut dapat keluar melalui mulut atau bibir seperti berbicara biasa itu.
  • Apabila sudah diperkenankan yang demikian itu, semua kebutuhan kita yang sangat penting diperkenankan kita tanyakan kepada Allah SWT.
BAB NYINAU SUJUD SUMARAH KANGGE SADHEREK ENGGAL
  • Saderengipun tumandang Sujud Sumarah langkung rumiyin angleremaken pancadriya sarta nentremaken penggalihipun. Lereming Pancadriya wujudipun wonten wewujudan mboten dipun tingali, wonten suwanten mboten dipun paelu/gatosaken, wonten rungu mboten dipun mirengaken, mambet ganda punapa kemawon mboten dipun ganda, wonten raos keraos ing badan sakojur mboten dipun raosaken, wontenipun namung suwung blung. Tentreming manah badhe mujudaken eneng, ening, eling dhateng Gusti Pangeranipun, inggih Allah SWT, Tuhan yang Mahaesa. Dados menawi sampun lerem tentrem tumaneming Sujud Sumarah saged mujud eneng, ening, eling.
  • Sujud Sumarah wau saking manunggilipun angen-angen, Budi, lan rasa. Angen-angen minangka wewakiling awak/raga, Budi minangka wewakiling Purbaning Ingkang Mahagesang utawi Pepadhang, dene rasa minangka wewakiling roh/jiwa. Kempaling angen-angen, Budi, rasa, sami sesarengan sujud Sumarah lenggah wonten ing pasujudan ing Sanubari, ingkang arahipun wonten salebeting jaja. Menawi salebeting Sanubari ing jaja wau sampun wonten raos apesipun lega, anyep sakeca, nikmat munfangat, mratandhani bilih Sujud Sumarahipun sampun leres, awit raos ingkang makaten wau kaprabawan saking raosing Datullah. Menawi raosing sujud dereng wonten titik-titik saking salah satunggaling tandha ingkang kasebat ing nginggil, pratandha manawi Sujud Sumarahipun dereng leres.
  • Manawi Sujud Sumarahipun sampun ajeg sae lan leres, salebetipun Sujud Sumarah ingkang sampun leres lan sakeca wau, sarana batos dipun parengaken nyuwun periksa dhateng Allah SWT, punapa kabetahanipun. Miturut pengalaman, mangke saged angsal jawaban wonten salebeting Sanubari kanthi tembung cekak aos saperlu kemawon. Menawi sampun kulina lajeng angsal piwulang, pendhidhikan, penerangan, penjelasan, dhawuh-dhawuh, lan sapiturutipun saking Allah SWT, lumantar Khaqiqi, utawi Raos Suci. Dangu-dangu suwanten saking Sanubari wau saged kawiyos wonten ing lesan/lathi kadosdene gineman limrah punika.
  • Samangsa sampun dipun parengaken makaten, lajeng sadaya kabetahan kita ingkang wigatos kapareng nyuwun periksa dhateng Allah SWT.

Tidak ada komentar: