Telepon & HP

PIN BB 2121FD81

HP +62 85853352487

Jumat, 08 Agustus 2008

WEWARAH RADEN NGABEHI SOEKINOHARTONO

Tindak-tanduk kita miturut Hukum Illahi, ingkang garis pokokipun kados ing ngandhap punika:
  1. Raga, tumindakipun raga kedah mengku kasusilan, tata lan tertib, jujur, ugi mboten tumindak maksiyatan. Pangudi punika dipun wastani "NGUDI SUCINING RAGA"
  2. Swara, swara tegesipun pangandika. Sadaya pangandika kedah mujudaken pangandikan ingkang nyata, manis, saha migunani utawi maedahi, ingkang nuju dhumateng karahayon. Pangudi punika dipun wastani "NGUDI SUCINING RAGA"
  3. Rasa, salebetipun raos kedah mboten wonten raos mbedak-bedakaken, upaminipun rumaos langkung lebda ing ngelmi tinimbang sadherek sanesipun, rumaos langkung pinter, lan sapanunggilanipun. Ingkang wonten namung Raos Kumawula ing Gusti, tegesipun namung ngrumaosi manawi sami-sami dados kawulaning Allah. Pangudi punika dipun wastani "NGUDI SUCINING RASA"
KINANTHI
  1. Sucining raga punika, wujude tata lan tertib, tindak tanduk solah bawa, susila lan tata krami, manut kukuming bebrayan, kang tumuju mring basuki.
  2. Sucining swara puniku, ana waton tri prakawis, sepisan nywara kang nyata, kapindho nyuwara manis, dene kaping tiganira, nyuwara kang migunani.
  3. Yen suwaramu tan lugu, dhemen peprengesan sami, utawa isi fitnahan, iku bakal mbebayani, tumrap dhirimu priyangga, ana akibatireki.
  4. Sucining rasa puniku, perlu banget den parsudi, jer raos iku sanyata, dadi tumpakanireki, tumpakaning jiwanira, kang arsa bali mring suci.
  5. Yen rasanira wus mujud, kumpul lan ngen-angeneki, mahanani jiwanira, kang bakal amujud suci.
  6. Marmane kudu padha wruh, lan kudu padha satiti, aja dhemen migunakna, tumraping rasanireki, kanggo ngrasani mring liyan, nyenyatur alanireki.
( Latihan E Tanggal 8 Maret 1958 )

Tidak ada komentar: