Telepon & HP

PIN BB 2121FD81

HP +62 85853352487

Senin, 18 Agustus 2008

WEWARAH RADEN NGABEHI SOEKINOHARTONO

Sabenere Khaqing Iman,
lakune kudu tata tetep ngabekti,
iku marganing rahayu,
larasna lan tekadira, nedya ngidhep ngarseng Hyang Mahagung,
lerem tentrem lenggahira, aja sok sinambi memikir.
Iku Kukuming Ngilmu Khaq,
majibi teteping Ngilmu Suci,
rasakna ingkang tuhu,
lan kulinakna padha, saben dina yen durung mujud, alon-alon dennya sujud,
supaya lerem lan wening.
Iku latihane wong Iman, murih tetep atul eneng-ening,
janjine tetep lugu, ngidhep ngarsaning Allah, Allah wis ngawuningani sadarum, apa ing karepira, kang mesthi den berkahi.
Mengkono wajibira, lakonana kelawan titi,
yen wis tetep wujud Suhul, ing kono binerkahan,
bisa ngerti wajibul wujud,
babaring uripira, neng ndonya tuwin neng ngakir.
Semono murahing Allah, tuwin asih mring umat sami, kang tetep Iman tuhu, lakune ora suminggah, abot-entheng wania manggul, nora ngucira ing tekad, yeku Wong Iman jati.
Nyata lakoning Khaqira, lakoning neng ndonya tuwin neng ngakir, bisa gawang-gawang weruh, garis-garise kang nyata, saka murah asihe Hyang Mahagung, mring umat kang padha Iman,
marma kudu ingkang yekti.

Tidak ada komentar: